Rakyate Jokowi

SAMIN-NEWS.COM – BARENG nggon ngopi pindah neng Kampus Kehidupan Tempat Pembuangan Akhir (TPA) sampah Sukoharjo, Kecamatan Margorejo, Pati, cah mahasiswa Usro Ujrus tambah pintee lan ndakik-ndakik padonane. Apa meneh bareng kumpulan ngopi neng kono, ana Cus-gus sing dasare ancen seneng padon.

Mula sakiki, cah iku ya awit melok neng politik barang, lha nek hukum sinaune karo pengacara sing diceluk Bos, Agung Widodo. Terus urusan ekonomi, kerep padonan karo Gus Ipong, sosial karo Gus Mad. Nek agama, ndeke kerep takok-takok karo Bib Cuk lanYi Dul, pokoke ilmune cah siji kuwi komplit plit sumbere.

Namek padonane cah ujrus dina iki mligi soal politik, merga sing dha ngopi neng warung TPA ya wong mberah. Lha nek sing ijeh keri dhewe ya dagelan Markonyik merga nek nggon ngopi sakiki odhak neng  ngisor ringin pojok lorwetan Alun-alun Simpanglima Pati meneh, namek wis pindah neng TPA.

Lha masalah politik sing dipadokna cah iku awit mau odhak liya Presiden Jokowi, sing yahana-yahene dihujat terus karo wong-wong sing kecangkeman. Merga wong kenthuk-kenthuk koyok Yi Amin Rais kuwi ya karep nyalon presiden dhewe, apa meneh sakhurunge wis ana sing padon mbleguduh 2019 Ganti Presiden.

”Ganti presiden, ya ganti presiden namek ya nganggo tata krama sing jengene konstitusi,”ngono cah ujrus iku ngawiti padonane. Upamane wong sing karep nyalon presiden terus bener isa dadi presiden, upamane kok difitnah sing hare PKI, antek asing lan liya-liyane apa ya terima, lan odhak lara atine wong kabeh menungsa iku nduwe ati.
Tutuge, cah iku terus padon, angger wong neng republik iki padonane ijeh dha kemlungkung ngantek kapan hae, negara iki tetep terus mblegedeg ngantek koyok sakiki. Apa meneh, bareng ana media sosial (medsos), odhak cilik odhak sing daplok, wis odhak ngenggoni tata krama koyok ape isa miber-mibera.”

Merga padonane ngono, Usro Ujrus terus ditakoki Gus Ipong, ”Lho kowe wis siap terjun neng dunia politik tenan, Sro? Nek ancen hiya, kupingmu kudu kandel, lan padonaem ya ditata aja muk waton njeplak, lha nek wis ngono entuk-entukaem dadi politikus ya odhak beda karo daplokan-daplokan sing odhak tata, lan maniak, edan kepaung karep dadi penguwasa.”

Genten Yi Dul nyauri ngene, ”Ya disabar-sabarna le, bangsa neng republike iki lagek dha kemaruk odhak nduwe tata krama. Malah nek sakiiki harene sing keceluk gagal paham, merga nek wis isa nyalon presiden karepe ape nguwasani negara. tah mangka negara republike dhewe iki odhak warisane yaine.”

Ndungu  ngono, Gus Ipong terus numpuki karo padonan ngene, merga wong-wong politik iku odhak ngenggoni angger-angger lan tata krama, mesti hae salah entuke ngecakna. Tah mangka kudune, negara ancen ana sing mimpin, nek sak republik jengene mesti hae diceluk presiden, terus nek neng nggone tingkat provinsi celukane gubernur.

Ijeh meneh sing dadi pemimpin neng kabupaten/kota diceluk bupati/walikota, ngisore meneh ana camat sing awit mbengen diceluk ndara sten merga saka tembung asisten wedana. Sak ngisore meneh ijeh ana petinggi sing sakiiki umum diceluk kepala desa (kades) apa lurah, kabeh iku jengene pemimpin pemerintahan.

Nek ngantek pemimpin-pemimpin iku odhak ana, mesti hae pemerintahane komplang. Lha nek wis nduwe pemimpin kok angger ndina dihujat, dicaci-maki, terus neng ngendi manggone sing jengene unggah-ungguh lan sopan santun kuwi. Aja rumangsa peh wani muni, namek muni lan padona sing maton, aja muk waton.

Usro Ujrus delok bose pengacra Agung Widodo terus asik WA-nan, ya ndeke terus mbengok. ”Boo…os, ikut bicara ah, Bos. Piye leh, kok malah asyik dolanan hp.” Saurane pengacara kuwi ya enak hae, ”Wis aa…aa, Jrus aja kakehan padon, nek wis ana sing angel-angel serahna aku tak rampungane.”

Terus tutuge padonane pengacara kuwi, aku njaluk koyok sing mbok karepna merga ngantek sakiki kabeh rakyat sak republik iku rakyate Jokowi merga Pak Jokowi ijeh meger-meger lan sah mpredeni republik iki.

Terus tutuge padonane pengacara kuwi, aku njaluk koyok sing mbok karepna merga ngantek sakiki kabeh rakyat sak republik iku rakyate Jokowi merga Pak Jokowi ijeh meger-meger lan sah mpresideni republik iki. Lha nek iku presidenem, ya aja mbok fitnah, mbok hujat entek-ngamek kurang malah luru-luru.”

Pengacara kuwi ya malah padon terus, merga nek pemimpin negara kok mbok ngonokna, kudune sing dadi rakyate ya malah isin. Lha nek dha ra isin, terus nalare piye wong sing dadi pemimpine rakyat sing dipilih rakyat ngango konstitusi malah mbok bleg-blegna, si g wong sakndonya jabalekat weroh kabeh.

Merga sing dadi rakyat odhak dha nduwe isin, namek malah angkah-angkah odhak sabar ape cepet-cepetan ngganti presiden, ngono iku pada hae dha kemenus. ”Lha nek tak pikir-pikir lan tak rasakna, awake dhewe iki nek masalah kepatuhan kok luweh pinter lan luweh canggih khewane.”

Takokane pengacara kuwi karo Yi Dul, ”Dhak bener ngono aa…, Yi? Conto gampange, njajal kae Sro ndelok bebek hae, angger sing neng ngarep mlaku karep neng ngendi lan ape lahapa, sing neng mburi lan mburine mesti anut kabeh. lha ngono iku sing jengene rakyat patuh karo pemimpine.”

Ndelok Usro Ujrus nolah-noleh, pengacara Agung Widodo weroh karepe nek cah iku mesti ape protes. Lha sing diprotes paling-paling, ya merga bebek iku khewan sing odhak nduwe nalar koyok menungsa. ”Bener ngono apa odhak Sro sing ape mbok padokana?” Bar-barane cah iku ngrumangsani nek sing ape ditakokna ancen iku, entuke nyauri ya malah nganggo banter, ”Siiii…aap, Bos.”

Kowe ape luru meneh khewan sing patuh ngono kuwi, Sro mberah tunggale malah meh angger khewan sing uripe kumpul neng habitate, koyok sapi, kebo lan ngantek tawon sing kolonine ngantek ewon hae, tetep patuh lan ngajine pemimpine, yaiku sing diarani ratu. Namek dsing jengene menungsa uripe neng nggone negara republik kok malah slenca merga kegawa saka nafsune.

”Nek sing jengene menungsa kok muk nggedhekna nafsu angkarane, ya odhak beda lan malah aji khewane. Mula sing jengene rakyat neng republike iku dipresideni Pak Jokowi, ya ayo kabeh rakyat sakbrayat iki rakyate Pak Jokowi mula ya kudu gelem patuh lan ngajeni Pak Jokowi.” Saurane Usro Ujrus, ”Siap n sedia demi NKRI harga mati, Bos…..!!!!

About Post Author

Redaksi Samin News

Seputar Informasi Masyarakat Independen
Previous post Mengakhiri Masa Reses Anggota Dewan Noto Subianto Ajak Buber Pendukungnya
Next post Kapolres Pati Semakin Jatuh Cinta Pada TPA
Social profiles