Luru Playune Duwik

SAMIN-NEWS.COM  –  DASARE ancen bocah ujrus wong wayah bada harene dina apik kok esuk-esuk  malah wis ngegleh neng warung kopi TPA, tah mangka bakule kopi hae hurung bukak. Lha nek ana wong liyane sing kenal takok, ana apa Mas Usro kok esuk-esuk wis tutug neng TPA , saurane cah mahasiswa iku ya enak hae, lagek merenung luru playune duwik bada ngono iku neng ngendi kabeh.

Ndungu sauran ngono kuwi sing takok merga odhak weroh karepe, ya odhak sida nutugna padonanan meneh karo cah iku. Lha Usro Ujrus dhewe ya odhak karep ditakoki mberah-mberah, sing penting sakhurunge tutug warung kopi neng TPA mau ndeke wis bar shalat Id, ya wis sungkem njaluk ngapura karo mamah-papahe lan odhak keri, ya karo mbakyu lan kangane epe.

Dene sing karo liyane kok hurung, iku urususan gampang merga njaluk ngapura nek ancen ndeke rumangsa salah iku odhak perlu kok ngenteni dina bada. Merga njaluk ngapura ngono, cak-cakane ya kudu angger rumangsa salah, wong menungsa kabeh iku nduwe milik karo nggendong lali, nek salah sing odhak disengaja iku wis mesti, mula apike ya langsung hae lahapa kok ngenteni nek ana bada.

Merga bada iku tradisi budaya sing unduh-unduhane, kudu isa ditepakna neng cak-cakane wong urip sing jengene menungsa. Ben luweh teges meneh, bada sing ana mbentahun iku ya kudu terus dienggoni kanggo kebecikan, aja lagek bar njaluk ngapura malah mburine dha cakar-cakaran merga egone kepoentingan.

Apa meneh iki tahun politik, wong-wong politikus ya kudu isa nyontoni rakyat sakkabehe, piye carane isa dha gelem rukun, guyub nggae negara iki ben apik. Nek negara iku dadi apik, tahun mburi mesti hae ijeh isa ketemu bada meneh, ngono iku mesti hae beda karo negara-negara sing senengane perang, muk merga karep nguwasani negara liya.

Lha ngono meneh, negarane dhewe iki wis mileh bentuk republik kok ijeh ana jejere menungsa sing genten ape ngedegna negara khilafah, ngono iku nalare dha waras apa ancen lagek dha edan kepaung odhak weroh tatanan. Pikirane cah ujrus sing ambra-ambra, ngayawara entuke nglamun esuk-seuk neng TPA  ngono iku mau lagek mandeg merga hp-ne muni.

Bareng weroh nek sing nelepon iku pengacara Agung Widodo, saurane ya langsung ”Siiiaa….aap, Bos. Iki lagek neng TPA, luru lan ngetung playune duwik sing dienggo bada wong sak ndonya republik ngono iku neng ngendi kabeh, lan mberahe ngantek pirang triliun, nek aku mikir lan ndelok kok ya muk sakkrempyengan?”

Pengecara Agung Widodo sing ditakoki, saka suarane hape sing dibanterna malah ngene, ”Lho kowe kok aeng-aeng, iku gebleg apa mabuk, Sro? Apa iki malah lagek ketemper dhemit TPA, mula entukem mikir urusane wong-wong sing nduwe nduwik wayah bada ngene iki ya ngayawara, odhak tata, kok koyok kowe iku pakar eknomi.”

Genten Usro Ujrus nyauri padonan ngene, ”Ya ndak begitu aaa….aaa, Bos. Aku ya muk nggagas, sing isa hae dianggep ngayawara. Namek aku pingin luru lan ngerteni, wong sak republik sing sakiki lagek dha badan, ngono iku playune dhuwik neng ngendi kabeh, merga awit cah cilik indhil-indhil ngantek sing tuwek jambulwanen, nek wayah ngene iki kabeh mesti nyekel dhuwik.”

Takokane pengecara kuwi, ”Lha kowe dhewe dhak ya nyekel duwik, terus duwitem iku mbok nggo apa? Lha nek malah mbok luru playune duwik iku mengendi kabeh, sing paling mberah ya neng nggone pojokan ngomahem merga iku urusane karo weteng, lha nek sing nduwe duwik mberah mesti hae isa tuku gengsi merga isa dundum karo sapa hae.”

Tutuge takoane pengacara iku, ”Wis ape takok piye meneh Jrus. Entuke wong sing dha cekel duwik ya ape mbok luru, entuke duwik iku saka ngendi? Ya medsti hae saka asile nyambut gae, sing dadi TKI neng luar negeri, koyok neng nggone Malaysia bayarane mesti hae nganggo duwik ringgit, nek neng nggone Singapura dolar, neng Arab real, lan nek neng Jepang yen.”

Wong dikapak-kapakna ancen bocah ujrus, takokane ya malah tambah nglenya, ”Terus Bos, lha wong-wong sing odhak mbutgae koyok, copet, maling, begal, rampok ngono iku cekele duwik saka ngendi, apa ngono iku jengene ya mbutgae?” Saurane pengacara Agung Widodo, ya mbutgae ngango carane ndeke, iku malah mbut gawe sing penuh resiko.”

Ndungu saurane pengacara ngono, takokane Usro Ujrus malah odhak mandheg,  ”Lha nek ana wong kok angger ape bada dha nurut-nurut, mblebu metu kantor pemerintah apa perusahaan, ngono iku ya mbutgae, ya Bos?”  Takok ngono Usro Ujrus langsung digemprong karo pengacara kuwi merga padonane cah iku tambah odhak tata.

Mula terus nglendhek, ”Sii…aaap, Bos. Ancen repot kok, Bos….., angger bada ngene iki pasang polahe wong dha pating blulung koyok wong edan kepaung, mubeng seser koyok gabah diinteri ya merga kegawa saka karepe pingin cekel duwik. Namek pira mberahe lan neng ngendi playune, hare menrut Bos, muk neng pojokan ngomahe dhewe-dhewe.”

Merga dirasakna neng kupinge panas, Usro Ujrus padonane njaluk mandeg. ”Wis, ya Bos. Padonan kita mandeg dulu, aku sing ndungokna kupingku hae panas, apa meneh Bos sing nelepon. Silakan, kalau mau nyusul ke TPA, timbang bada-bada kok blulang-blulung, aku ya tak merenung neng kene hae.”

Saurane pengacara Agung Widodo, ”Wis, aku ya tak lunga njaluk ngapura karo wong tuwa-tuwa. Dina becik, dina apik kudune budaya iki, ya isa nambah dadi apike negara, nusa lan bangsane dhewe odhak malah tiba kosok balen. Mergane angger wong kudu sadar, isa apik, luweh terhormat iku merga nduwe negara.”

Terus padonane pengacara kuwi, ”Njajal nek kowe, aku, lan kabeh liyane odhak nduweni negara sing jengene Republik Indonesia, odhak mungkin kowe isa urip tentrem. Lha nek wis ngono, kowe iku padha karo urip neng bumi lan sak ngisore langit. upamane manggon neng wilayah ngendi, RT lan RW-em ya RT 0 RW 0.”

”Siii…aaap, 86 Bos.

About Post Author

Redaksi Samin News

Seputar Informasi Masyarakat Independen
Previous post Perjalanan Ada Awalan Dan Akhiran Cerita Hidup
Next post Bupati itu Tetap Sesembahan Para Kawula
Social profiles