Sambungan : Dodol Duwik Dening Ki Samin

Genten Usro Ujrus takok meneh karo Yi Dul, ndak bener ngono tenan aa….? Kok isa ngono iku nalare piye leh?

Terus sing nyauro malah Gus Ipong, “Wis ga Sro. Bocah nek dikandani wong tuwa iku aja ngeyel, nek urusan ngono iku yaine siji iki ya wis katam.ga.”

Dasar cah ujrus, saurane malah tambah banter merga nek dinalar  mboh ben iku ijol apa tuku, angger pada setujune ya wis sah. Lha sing diarani nek iku riba lan dosa gedhe, terus tepakane neng ngendi mula bocah siji iki mileh wani ngeyele ben sing diajak padon kelebu wong sing paham tenan soal agama.

Ndungu padonane cah iku ngono, Gus Ipong wegah nyauri. Sing dikongkon malah Bib Cuk, namek wong siji iki entuke nyauri ya enak hae. “Nek ngstasi ngeyele Usro angger mbok celukna bose pengacara dak beres dhewe aa…aa, Pak Pong.”

Saurane Gus Ipong, “Batinku ya odhak ngono Bib merga cah siji iki takokane nek odhak disauri lam dijlentrehna sing nggenah tenan, padonan iki odhak bar-bar.”

“Ya ga begitu ga Pak Pong wong takok genahe piye kok ijol duwik kawak dadi anyar isa diarani riba. Ngono iku dhak takokan biasa aa….Pak.”

Merga sing ngawiti padonan riba mau Yi Dul mula wong iku nengahi, njaluk karo cah mahasiswa iku meneng ndisik. Tutuge nek iku diarani riba merga duwik Rp 100.000 kawak gelem diijoli muk Rp 90.000 ewu anyar. Merga diarani iku riba, antarane sing ijol lan sing ngijoli pada nyangga dosane. Kidune nek ancen ikhlas ngijoli duwik Rp 100.000 kawak mbaliki nilaine kudu tetep ajeg, Rp 100.000 anyar.

Ben wis dijlentrehna ngono lah, cah iku ya ajeg ngetokna ilmu ngeyele. “Ingkang mekaten niku nggih mboten wonten, ga Yi. Margi ingkang tukang ngijoli, ngeten niki kesempatan kangge pados bathi. Lha cilakane bangsane dhewe iki ancen kelebu wong sing gumunan. Luweh-luweh ndeloki duwik anyar, lan mberah pisan.

Takokane Yi Dul, “Lha nek ngono sing mbok karepna iku piye, Gus?” Lha Usro Ujrus sing ditakoki saurane ngene, “Nek pemanggih kula ingkang nyangga dosa inggih sing tukang ngijoli, lha nek sing ijol ya odhak apa-apa.”

Saurane Yi Dul, ngono kuwi nek karepem ya sak senengem. Sing penting ndeke wis ngelingna, sing jengene riba kuwi ukume lan dosa sing kudu disangga pada abote. Mergane antarane sing dodol karo sing tuku, apa sing ngijoli lan sing diijoli pada karepe.

Merga pada karepe, asile ya mau dadi riba. Dipanganna apa dienggo pamera lah tetep dha nyangga dosane. Mulane nek kanggone wong sing ngerti lan sing bener-bener iman, lagek diwehi panganan karo tanggane namek weroh asile saka riba kudune malah odhak ditampa. “Lha nek kepeksa ya ditampani odhak apa-apa, namek bar iku kudu cepet diguwak.”

Ndungu ceramahe Yi Dul nggo cah mahasiswa Usro Ujrus, takokane Gus Ipong ya melok kegawa nglenya, “Lha nek sing diwehna iku duwik dhak eman-eman Yi?”

Usro Ujrus terus nyaut padonane Gus Ipong. “Lha ya lah, Pak Pong mergane duwik iku enak, sapa hae doyan. Mula dadine ya sifat lan laku wal-wal keduwal, odhak klasa odhak bantal, odhak krikil odhak aspal.”

Ujug-ujug saka mburine cah ujrus, pengacara Agung Widodo sing lagek teka nyaut, “angger krasa enak kabeh diuntal.” (SN)

About Post Author

Redaksi Samin News

Seputar Informasi Masyarakat Independen
Previous post Inpres Perberasan Harus Diubah
Next post Bupati Pati Melakukan Ikrar Bersama Elemen “NKRI HARGA MATI…!!”
Social profiles