Dodol Duwik Dening Ki Samin

JAMAK lumrahe lan kudune sing jengene duwik, ya dienggo nyarutang lan dienggo mbayar  apa hae sing dituku. Namek anehe bangsane dhewe iki angger nyedhaki bada ngene iki, sing diangkah ya sing ngaeng-ngaeng.

Ngono iku harene merga bada usume muk setahun pisan, mula sakmberahe wong kabeh dha mblegedheg gulung koming. Polahe mesti hae ngantek koyok gabah diinteri.

Lha tambah sumeg meneh nek wis ngono iku malah ijeh ketambahan dienggo pong-pongan cangkeme bakul sing gampang ngundakna rega barang sing dibutohna. Sing luweh kemaruk lan nyolok mata malah wong sing rumangsa gableg duwik mberah, tutuge trekahe ya mblegudug.

Mulane nek tuku-tuku, milehe kudu neng toko apa pasar swalayan. Ijeh luweh kebangeten meneh, sing diluru lan ape dituku nggo visit badan, ya duwik anyar gres lagek ketokan saka percetakane.

Tutuge sing padonan ngono kuwi mau  odhak liya cah mahasiswa Usro Ujrus, merga ndek wingenane dawa cah iku disengeni pengacara sing biasa diceluk Bos, Agung Widodo. Ngono iku mau awitane merga ndeke ngeshere gambar tumpukan duwik anyar neng grup WA.

Ngantek ndeke ya diunen-uneni, cah mahasiswa sing odhak cerdas. Mula isane melok wong-wong grup WA sing dha kedanan duwik, odhak gelem melok mikir wong mberah sing uripe dha kesrakat.

Merga disengeni karo pengacara kuwi, genten ndeke ngundamana wong-wong sing wayah ape bada ngene iki dha dodol lan nukoni duwik anyar. Tahmangka sing ngono kuwi, nek dirasakna sing tenanan nganggo rasa lan nalare menungsa sing nduwe agama, iku odhak beda karo riba.

Wektu cah ujrus iku padonan ngono neng warung kopine Lik Darko, sing ndungokna malah ya ana Gus Ipong , Bib Cuk lan Yi Dul. Bareng ndungu padonane cah enom kuwi ngono, Yi Dul ngacungna jempol tangan tengene. Yi Dul malah padon ngene barang, “Bener kowe, Gus. Mula kowe aja melok dodolan apa nukoni duwik anyar.”

Genten cah ujrus iku takok ngene, “Lha menawi nawung lintu, nggih mboten pikantuk, Yi?” “Lho nek ijol ya entuk aaa…aa, Gus. Namek ijolem piye?”

“Mboten kula ga Yi ingkang lintu, nggih mesti kemawon tiyang ingkang gadah duwik kathah, ga Yi. Tiyang kados kula dhak nggih mboten gableg duwik aa….aa, Yi.”

Cah mahasiswa kuwi ya terus padon ngecipris, apa sing harene diwerohi. Saka wong-wong sing dha dodol duwik anyar nek wayah ape bada neng pinggir-pinggir dalan apa neng nggone kawasan Alun-alun Simpanglima Pati, nek ijol duwik kawak dadi duwik anyar angger Rp 100.000, entuke ya Rp 90.000. Kabeh mau tergantung nyang-nyangane.

Ndungu padonane cah iku, Yi Dul nyauri ngene, “Ngono kuwi ya riba, Gus. Iku dadi larangane agama, nek mbok lakoni dosaem ya tumpuk undug. Nek kowe sing tukang ngijoli apa sing ijol, ya kabeh pada dosane

                                                                                                                        Bersambung>>>>>>>>>

About Post Author

Redaksi Samin News

Seputar Informasi Masyarakat Independen
Previous post Membingkai Kembali Pancasila Oleh Komponen Anak Bangsa
Next post Inpres Perberasan Harus Diubah
Social profiles